BETALJEMUR ADAMMAKNA (HALAMAN 69-72)
No. 108. Wataking Dina lan Tanggal
Tanggal 1, dina kuda
Becik, bocah lahir ing dina tanggal iku, becik wataké, yen lara énggal waras, tutulake suket binuntel kaya wong njunjung jaran binuwang mangidul. Ing dina iku Allah ndadèake Nabi Adam, sabarang gawé becik, yen nrajang mungsuh ala, tinrajang ala, yèn ana warta becik temen, warta ala goroh, yèn barang ilang ing dina tanggal iku énggal katemu, kang njupuk wongé cendhèk cilik praènané, ireng kulite.
Tanggal 2, dina kidang
Bocah lahir ing dina tanggal iku, bapa biyunge lara lan ilang artané, yen nenandur becik, dol tinuku lan lelungan becik, yen lara tutulake gaweya rurupan kidang nganggo glepung buwangen lebokna ing geni. Ing dina iku Allah ndadèake babu Kawa saka Nabi Adam.
Tanggal 3, dina macan
Kaliwat alané bocah lahir ing dina tanggal iku, watake bodho, durjono ing Allah lan wong tuwane, utawa ing ratune, aja gagaweyan lan lulungan, tutulake gaweya rurupan macan, buwangen mangidul. Ing dina iku kabener Kabil mateni Habil saduluré dhéwé padha putrane Adam sarta nalika Nabi Adam lan babu Kawa katurunake ing donya uga dina iku. Yèn wong perang ing wayah tengange becik, yen wong lara lawas warase.
Tanggal 4, dina kucing
Bocah lahir ing dina tanggal iku, becik watake, bekti ing wong tuwa lan dhemen mratapa, nanging yèn lahire wayah tengange ala, wataké lalarenen ora sabenéré, yèn mbuburu becik, yèn lulungan ala, yèn nrajang mungsuh padha padha. Yèn lara tutulake gaweya rurupan kucing buwangen mangulon.
Tanggal 5, dina sapi
Sabarang ala, bocah lahir ing dina tanggal iku, watake duraka ing wong tuwa, yèn lara banget lawas warase, tutulaké gawéya rurupan kaya sapi buwangen mangulon, sarta sidhekaha iwak sakupat, dongané tulak bilahi. Dina iku lahiré Kabil saka babu Kawa. Yen sahwat ing dina iku mangka dadi, bocane kliwat durakane.
Tanggal 6, dina kebo
Becik banget, bocah lahir ing dina tanggal iku watake becik bekti ing Allah lan wong tuwane. Wong lulungan dharat ala, lalayaran becik, nrajang mungsuh ala, akèh kang tatu lan mati, yèn lara énggal waras, tutulake gawéya rurupan kebo buwangan ing alas.
Tanggal 7, dina tikus
Bocah lahir ing dina tanggal iku becik, wataké bekti ing Allah lan mring wong tuwane, yen nanandur becik, lulungan ala, yèn lara lawas warase, tutulaké gaweya rurupan kaya tikus buwangen mangalor sidhekaha tukon pasar, dongané slamet.
Tanggal 8, dina lembuwana (menjangan)
Bocah lahir ing dina tanggal iku becik, wataké akeh bagjané kinasihan wong agung, wong lulungan ala, dol tinuku ala, yen nrajang utawa tinrajang mungsuh padha rusake, yèn ana warta becik temen, yèn ala goroh. Yen lara tutulaké gaweya titiron menjangan buwangen mangulon, ing dina iku Allah ndadekaké Nabi Nuh lan nalika nunggang prau.
Tanggal 9, dina asu
Ala banget bocah lahir ing dina tanggal iku kliwat alané, duraka maring Allah lan wong tuwane, yèn dol tinuku becik, yèn perang akèh papati. Ing nalika Nabi Saleh nandhang bilahi ing dina iku, yen ana warta ora temen. Yen lara tutulaké gawéya rurupan asu buwangen ing longan, kang lara dusana banyu tawa.
Tanggal 10, dina naga
Bocah lahir dina iku luwih becik, sabarang sarwa temen, yen lara énggal waras, tutulaké gaweya rurupan naga buwangen ing banyu. Yèn seba ratu lan seba mantri becik, dina iku tumuruné Nabi Nuh.
Tanggal 11, dina wedhus
Bocah lahir ing dina tanggal iku becik, watake akèh dahulaté tur akèh rijekiné lan dawa umuré sinung kanugrahan. Yèn nrajang mungsuh ala, yen tinrajang becik, warta ala goroh, warta becik temen. Yèn lara tutulake gaweya rurupan wedhus buwangen ngalor bener.
Tanggal 12, dina mayang
Bocah lahir ing dina tanggal iku becik, yen ana warta becik temen, warta ala goroh. Yèn lara tutulaké mayang buwangen ing alas utawa dalan prapatan, yèn dol tinuku becik, nrajang mungsuh becik, tinrajang ala.
Tanggal 13, dina gajah
Bocah lahir ing dina tanggal iku akéh larane, yen ana warta becik goroh, warta ala temen, yèn lara lawas warasé, tutulake gawéya rurupan gajah buwangen mangidul. Sabarang gawé ala, dol tinuku ala, yèn perang nemu wong kuwasa, nrajang mungsuh becik, tinrajang ala.
Tanggal 14, dina singa
Luwih becik, bocah lahir ing dina tanggal iku becik banget ing sakabèhé. Yen lara tutulake suket ginawé rurupan singa lan sidhekaha. Ing wektu iku Allah gawé langit, swarga maraka, ngaraskursi. Yèn adol becik, lulungan becik, nrajang mungsuh ala tinrajang becik lan aja lunga saka panggonane.
Tanggal 15, dina iwak
Luwih becik, bocah lahir ing dina tanggal iku bekti ing ratu lan maring mantri. Yèn lara tutulake gaweya rurupan kaya iwak buwangen ing banyu. Ing dina iku samubarang becik, yèn wong sahwat bisa dadi luwih becik, bocahé bekti maring Allah lan wong tuwané. Dina iku Allah ndadèkaké Nabi Yusuf, yèn nrajang mungsuh becik, tinrajang ala, dol tinuku becik.
Tanggal 16, dina malam
Keliwat alane, bocah lahir dina tanggal iku bisa édan éngetane, utawa tansah lalaranen lan kerep kemalingan. Yèn lara tutulake gawéya rurupan malam buwangen ing gunung. Dina iku luwih ala, yen sahwat ing dina tanggal iku yen dadi bocahe bakal édan, wataké duraka maring wong tuwane, sabarang gawe ala. Ing dina iku Allah ngrusak Nabi Lud. Yen nrajang mungsuh ala, tinrajang uga ala, warta becik goroh, warta ala temen.
Tanggal 17, dina hulung
Bocah lahir ing dina tanggal iku becik banget ing sakabehe. Yen lara tutulake gaweya rurupan hulung buwangen ing alas kang kiwa. Dina iku samubarang gawé becik, seba ing ratu utawa mantri becik, lulungan becik, dol tinuku becik. Dina iku Allah ndadèkaké Nabi Yakup lan Nabi Musa mbeneri munajad. Yèn mbuburu becik, nrajang mungsuh ala, tinrajang becik, sabarang warta temen.
Tanggal 18, dina cèleng
Bocah lahir ing dina lan tanggal iku becik. Ing dina iku Allah marengaké Nabi Yakub tetemon lan Nabi Yusup, wong lulungan becik, yen nrajang mungsuh padha asore, krana Allah ndadekaké srengéngé lan rembulan, yèn lara tutulaké gaweya rurupa cèleng buwangen ngalor bener.
Tanggal 19, dina banthèng
Bocah lahir ing dina tanggal iku wataké ala, duraka ing wong tuwa lan maring Allah. Yen lara tutulake gawéya rurupan banthèng buwangen ing alas, lan sidhekaha. Ing dina iku Allah ndadekake Nabi Yakub, yèn seba ratu utawa mantri becik, ketemu wong sugih becik, sabarang warta temen, nrajang mungsuh ala, tinrajang becik.
Tanggal 20, dina antu
Bocah lahir dina tanggal iku becik, akèh rijekine tur loma, yen lulungan ala, nrajang utawa tinrajang munsug sampyuh, yèn ana warta temen, yèn lara tutulake gaweya rurupan antu buwangen ngalor.
Tanggal 21, dina areng
Bocah lahir ing dina tanggal iku duraka ing wong tuwa. Yen lara tutulake areng buwangen mangidul lan sidhekaha. Dina iku sabarang gawé ala, seba ratu utawa mantri ala, dol tinuku ala, warta becik temen warta ala goroh.
Tanggal 22, dina urang
Luwih becik, bocah lahir dina tanggal iku becik. Dina iku Allah ndadekaké Nabi Yusup, dol tinuku becik, seba ratu utawa mantri becik yen lulungan wis tekan parane ala, nrajang mungsuh utawa tinrajang sampyuh. Yen lara tutulaké urang buwangen ing omah.
Tanggal 23, dina uler segara
Bocah lahir ing dina tanggal iku ala duraka mring wong tuwa. Yèn seba ratu mantri becik, yen sahwat dadi, bocahé ala duraka mring wong tuwa, yen ana warta temen. Yèn lara tutulake gaweya rurupan uler segara buwangen ing pernah maju pat lan sedhekaha.
Tanggal 24, dina paré
Ala banget, bocah lahir ing dina tanggal iku duraka mring Allah lan wong tuwane. Yen lara tutulake lenga, kapur lan beras diwenehaké wong miskin. Dina iku Allah ndadèkaké Namrud lan Pirngon, yèn nrajang mungsuh utawa tinrajang padha lupute.
Tanggal 25, dina pandhé
Bocah lahir ing dina tanggal iku kudu kang akeh sidhekahe. Dina iku sabarang gawé ala, nrajang mungsuh ala, tinrajang becik.
Tanggal 26, dina kala
Bocah lahir ing dina tanggal iku becik, watake bekti mring Allah lan mring wong tuwane Yèn lara tutulaké gawéya kala buwangen ing dalan prapatan. Dina iku Allah ngelem ing Pirngon sawonge padha tumpes perang lan Nabi Musa. Yèn Nrajang ala, tinrajang slamet.
Tanggal 27, dina helang
Bocah lahir ing dina tanggal iku becik, wataké bekti ing allah lan mring wong tuwané. Dina iku luwih becik, sabarang gawe tinemu becik, sabab Allah nurunake rakhmat ing wong akèh, yen perang padha becike, warta becik temen, Yèn ala goroh. Yèn lara tutulake gaweya rurupan helang buwangen ngulon sarta sidhekaha.
Tanggal 28, dina pari
Bocah lahir ing dina tanggal iku becik, sabarang gawéné sarwa becik. Yen lara tutulake mbuwanga pari ing kali. Yèn warta becik goroh, warta ala temen.
Tanggal 29, dina uler
Bocah lahir ing dina tanggal iku ala, akèh larané, duraka mring wong tuwa. Yèn lara tutulake gawéya rurupan uler buwangen mandhuwur, yèn wong perang ing dina iku sampyuh.
Tanggal 30, dina sada
Kaliwat alane, bocah lahir ing dina tanggal iku yèn lahiré wayah ésuk akéh lalarane, yèn lahire wayah luhur utawa asar becik, nanging yèn akèh sidhekahe. Yen lara tutulake dusana sekar setaman (banyu diwenehi kembang rupa-rupa), sarta setaman kang kanggo adus mau banjur buwangen ing alas. Yèn nandur kudu kang akèh winihe, seba ratu utawa mantri becik, nrajang mungsuh becik, tinrajang ala.
No. 109. Wataking Dina
-
Akad, becik, samudana, kalayu èla èlu.
-
Senèn, Semua barang patrape.
-
Slasa, sujana tan andelan, butarepan.
-
Rebo, sembada, sebarang patut, rada sembrana.
-
Kemis, ahli surasa, mada, ngalem, lumub kungkuları.
-
Jumuah, semuci suci kudu kudu resik.
-
Setu, srakah barang karepe lan sumbung.
Catatan: Dokumen ini merupakan transkripsi digital dari naskah Primbon Betaljemur Adammakna halaman 70-73, yang memuat ajaran tentang watak dan nasib seseorang berdasarkan tanggal kelahiran dalam kalender Jawa, serta watak berdasarkan hari dalam seminggu (No. 109).