BETALJEMUR ADAMMAKNA (HALAMAN 63-68)
No. 100. Wataking bayi miturut lahire dina lan pasaran.
Yèn lahire ing dina lan pasaran:
- Jumuah Kliwon: Yèn lanang ora micara, mung sedhengan baé. Yen wadon nas, marang wong lanang ngéwani.
- Setu Legi: Cukeng, pinter golèk milik, blaba, ngingua jaran, wasis sarta sugih.
- Akad Paing: Wegig, pikiré prayitna, weweka, semu dhiri piyangkuh kaya amutera jagad.
- Senèn Pon: Manis wicarané, bisa ngenaki pikir sanamaning wong lan bisa golek rejeki.
- Slasa Wagé: Lumuh wuruk, ora micara. Yèn wong wadon prayoga, bisa simpen arta.
- Rebo Kliwon: Wegig micara, ing pikir calimut marang wong wadon, mawi rusuh watak pandhita.
- Kemis Legi: Berpikir, lumuh kaungkulan. Yèn wadon luwih candhala, mring wong lanang ngéwani padu.
- Jumuah Paing: Meneng, yèn busuk babar pisan, yèn pinter dadi panutuné wong akeh, sugih kapinteran.
- Setu Pon: Bisa kriya gawené, yèn lanang. Yen wadon bisa golèk melik ambalubud.
- Akad Wagé: Gedhe karepé, yèn duwé pikir ora kena dipalangi. Yen wadon ala.
- Senèn Kliwon: Anteng pikire, yèn ijin enom bandhol sadhelo, yen wis tuwa alus pikire.
- Slasa Legi: Kurang micara, yen juweh wegig, barang Ing pikir apik, kapara ngutuh, wekasane ala.
- Rebo Paing: Mungguh umpakan, kapara diri, lumuh kungkulan, satemene cocogan, pikiré banter.
- Kemis Pon: Anteng pikire, piyangkuh, meneng, besus samubarang ora ketara, piyangkuh gemi tegese.
- Jumuah Wage: Bisa micara, juweh receh patitis, cetha nanging cengkiling, lanang nanging kerep kesandhung.
- Setu Kliwon: Bodho ngaku pinter, lalen nanging temen, lumuh maju gawe.
- Akad Legi: Lalèn kurang wegig kapinterane, karemane madon, kang padha laku ala panggawe ngiwa.
- Senèn Paing: Murka marang pagawéyan samubarang sedhengan, yèn wadon pikiré luwih prayoga.
- Slasa Pon: Kurang pikir, lumuh ing prakara, yèn wadon sae, prayoga sinelit ing priyayi.
- Rebo Wagé: Sedhengan barang pikire, maju ing gawe. Yèn wadon candhala marang wong lanang.
- Kemis Kliwon: Kurang pikire pethel ing gawe yen wadon sedhengan ing pamikiré iku.
- Jumuah Legi: Èlu-èlu ora duwe pikir dhéwé, yen kalah gela jro batiné, langkung susah atine.
- Setu Paing: Lanang wadona bisa golèk mélik, bisa simpen wicara alus utawa agal.
- Akad Pon: Kurang pikir, pracaya ing liyan. Yèn wong wadon prayoga, bisa simpen kayane wong lanang.
- Senèn Wagé: Kurang pikire, bregundung atiné, wani pakéwuh, wani mati. Yen wadon becik.
- Slasa Kliwon: Yen busuk babar pisan yén pinter dadi pujangga utawa ngulama.
- Rebo Legi: Lumrah prasaja, njaluk gelem, dijaluki awèh. Yen wadon prayoga sabarang pikire.
- Kemis Paing: Tentrem anteng, tan amikir, maju gawe temen, dadi priyayi cendhak marang wong agung, sedhengan samubarang gawene.
- Jumuah Pon: Wegig sajroning pikir. Yèn nora kaduga mlengos, ewo atiné kang ala.
- Setu Wage: Lalen panggrahitane, pikire sajroning ati kaku, lengus sadhela nuli mari.
- Akad Kliwon: Murka sugih karep. Yen wadon boros ing darbeké.
- Senèn Legi: Anteng ora dhemen micara, welu karepé. Yèn wadon becik sabarang gawene.
- Slasa Paing: Isinan kaku pikire andhap patrape, lumuh mring pagaweyan. Yèn wadon remen mengku kakunge.
- Rebo Pon: Kuat pikire sregep ing gawe, temen sedyané. Yen wadon gemi, nanging kaku pikire.
- Kemis Wagé: Banter budine, saguh ing gawe, kuwat sabarang pakewuh. Yèn wadon pikire ora lilan.
No. 101. Wataking bayi miturut tanggal nalika lahir.
Yen lahir Ing Tanggal:
- Angkuh, gedhe sedyané, yèn kesandhung babar pisan wurung, dadi urusaning wong.
- Sugih anak sugih mitra, pilih kasih semu lengus, lalèn.
- Suméh prasaja, kaku gelis lejaré, golongané kakon atèn, nanging gemati.
- Wegig micara, akèh pikiré becik, élingan sabarang.
- Micara, maratangan, mara cangkem, loma ing bojakrama.
- Busuk lalèn sabarang pikir, crobo sabarang ginarap, kesed resikan tani pikire.
- Wegig micara, rada pareng maring wong wadon ingkang ala pikiré saru.
- Sugih étung ala becik, sugih sadulur lan rukun ing sabarang pikire becik.
- Kakon atèn, panasbaran, gelis lajaré, lumrah pikiré, lila sabarang.
- Pepet sumber, lalen nanging wegig pikire, dhemen wewadul ala lan becik.
- Bèr pikire, jubriya sumangkéyan, nanging weruh tata ala becik.
- Dhemen semu olèh, yén meneng lengus, yèn récèh patitis samubarang wasis.
- Limpad pamicarané, patitis wegig, kaku mung sadhéla, brangasan nuli wasis.
- Sugih wicara, becik cetha weruh ing sabarang, suci lahir batin, pracaya pikire.
- Terang sabarang pikire, sedhengan, dadi pujangga, akèh wicarane kang suci.
- Busuk lalèn, crobo sabarang pikiré, kepara kesed sabarang gawe.
- Sugih étung ala becik, sugih saduluran, padha rukun barang pikire, prayoga suci.
- Wegig micara limpad, rada pareng madon, parengan ing ala lakune.
- Kakon aten, panasbaran gelis lejaré lila barang pikiré, murah bojakramane.
- Pepet pikiré lalen, wekel pikiré dhemen kena waduling wong ala lan becik.
- Bèr pikir jubriya sumangkeyan, nanging weruh watak ala lan becik.
- Dhemen pikir molah, yèn meneng bagus, yen juweh patitis nalare, kawruhé iku nyata.
- Limpad pamicarané patitis, wegig, brangasan nanging sadhéla bae lejar, pikiré sarèh.
- Suci, sugih wicara becik, cetha kawruhe, suci pikiré lahir batin.
- Terang sabarang, pikir sedhengan, dadi pujangga, akèh wicarane sabarang suci.
- Busuk lalèn crobo sabang pikiré, pagaweyané kesed lumuh, iku wong ala.
- Sugih étung ala becik, sugih sanak sadulur, padha rukun gawé.
- Sugih wicara nyenyengit tembungé, rada pareng mring wadon kang ala pikiré ngiwa.
- Kakon aten panasbaran, gelis lilih lejaré, pradhah ing bojakrama.
- Gedhe piyangkuhe, gedhe begjané, yèn kasandhung gedhe ora dadi ngapa.
No. 102. Wataking bayi miturut sasi nalika lahir.
- Sura: Meneng, panggrahitaning angen angen yen pinter ngluwihi, mangkono uga yèn bodho iya ngluwihi bodhone.
- Sapar: Brangasan, kebat cukat wicarane, samubarang gawe ora tlatènan, nanging solah bawané sarwa sareh.
- Mulud: Kereng sakabéhé, bisa dadi priyayi, sugih sarta dhemen awèh pitutur becik.
- Rabingulakir: Maratani, ala becik bisa mengku, kebat cukat tandangé, yen nepsu mbilaeni.
- Jumadilawal: Bodho nanging setya legawa sarta ngandel marang awake dhewe.
- Jumadilakir: Kendel, nanging andhap asor sarto pinter.
- Rejeb: Lahiré bodho, nanging batine pinter ngungkuli sapadha padha.
- Ruwah: Meneng, yèn clathu patitis, ginunggung ing sapadha padha.
- Pasa: Anteng, becik atine.
- Sawal: Keras lan kakarepane ora kena ingeluk ing liyan.
- Dulkangidah: Tansah ngangkah panggawe becik.
- Besar: Yèn becik ngluwihi becike, yen ala iya ngluwihi alane sring niwasi.
No. 103. Wataking bayi miturut mangsa nalika lahir.
Yèn lahire ing mangsa:
- Kasa: Wataké tengah-tengah.
- Karo: Crobo.
- Katelu: Cetil.
- Kapat: Resikan.
- Kalima: Juweh.
- Kanem: Pinter sabarang gawe.
- Kapitu: Cengkiling.
- Kawolu: Watake blaba.
- Kasanga: Rusuh calathune.
- Kasepuluh: Cugetan atèn.
- Dhesta: Seneng laku salah.
- Sada: Welas asih.
No. 104. Wataking bayi miturut neptu dina lan pasaran nalika lahir.
Neptune dina lan pasaran nalika lahir kagunggung banjur kapara 7, yen turah:
- Segarawasesa: Sabarang gawéné becik, akèh rejekine.
- Tunggaksemi: Lumintu rejekine.
- Satriyawibawa: Satiba tibane tansah nemu kapenak.
- Sumursinaba: Bisa dadi pangungsen.
- Bumikapetak: Bisa dadi tani.
- Satriyawirang: Tansah nemu pakéwuh.
- Lebukatiyupangin: Kerep ngalih panggonan, sarta tansah kakurangan.
Bab pétungan iki:
- Neptuné dina: Jumuah (1), Setu (2), Akad (3), Senen (4), Slasa (5), Rebo (6), Kemis (7).
- Déné neptuné pasaran: Kliwon (1), Legi (2), Paing (3), Pon (4), Wage (5).
- Katrangan: Upama lahire dina Akad Wage. neptune Akad 3, Wage 5 = 8, kapara 7, turah 1, tiba pétung sagarawasése mangkono sabanjure.
No. 105. Wataking bayi miturut gunggungé neptune dina lan pasaran nalika lahir.
Yèn gunggungé neptune katemu:
- 7 (Narima): Dhemen ulah kapandhitan, nanging wicarané tan kena kasoran, dhemen lelungan adoh.
- 8 (Brangasan): Lan panasbaran, drengki kurang marta kang ati, akèh wong kang dèn brangus, dhemen padu, yèn nepsu sok mbilahèni.
- 9 (Baranjalan): Omah-omah sring ngalih, sabané adoh, yèn duwé japa, ora mandi malah gawe karusakan.
- 10 (Anteng): Sembada, yèn diwulang lantip, jero nepsune, baud lan bisa dadi dhukun, ora gelem tinakonan, juweh tresna marang sanak sadulure.
- 11 (Mapan): Barès tur pralayan, wani ngambah ing wengi lan kendel, wani mati, dhemen weweh, loma maring sapadha-padha. Alane yen nandhang miskin, sring climut gelem njupuk barangé tangga.
- 12 (Kurang panarima): Ing titah, akèh pangarahe, kasmaran mring kasinggihan, (dhemen kaluhuran), lananga wadona gampang golèk sandhang pangan, sring kelangan, tetepungane kurang manis.
- 13 (Lanyah): Pamicarane, gungané kepati-pati, nanging atine becik, rukun runtut mring sadulure, yèn nepsu ala, betah melèk tinggal kalbu (melèk tanpa keperluan), yèn nyudagar watéké taberi dagang.
- 14 (Sabarang pagawéyan bisa): Sadhéla bae banjur pinter, apa maneh yen diwulang banget anggone ngemen-emenaké, cacade rada sungkanan lan ora sugih, nanging lembah manah.
- 15 (Gejarah): Bisa mréntah marang wong, keras tatas atine, cukup pambudine, ora kurang sandhang pangan, akèh mitrane kang padha asih, cacade sring padu bab tatakrama lan akrama.
- 16 (Sedhep): Marang silakrama, sugih, juweh, sabarang cinipta ora luput amesthi dadi, yen bukti (memangan) ora kena pinalangan.
- 17 (Meneng): Nanging cugetan aten, yen nyambutgawe sring niwasi, kerep dipaeéka wong, tan kena pinadhanan ing sapadha-padha.
- 18 (Kaduk wani): Kurang duduga, yèn dinulu padune sembranan, yèn tukaran diwaneni banjur ngalah.
No. 106. Wataking bayi miturut gunggungé neptune dina lan pasaran nalika lahire kapara 9.
Yen turah:
- Dangu watu: Gedhe muktine kongsi tuwa.
- Jagur macan: Gedhe cilakane sugih satru.
- Gigis bumi: Gedhe prabawane kinawedèn déning wong.
- Keterangan srengenge: Gedhé cilakane, sanajan dadi priyayi uga mlarat.
- Nohan rembulan: Akèh begjane.
- Wogan uled: Mlarat.
- Tulus banyu: Becik sabarang gawéne.
- Wurung geni: Cilaka.
- Dadi kayu: Kinasihan wong agung, begja sapandhuwure.
No. 107. Wataking bayi miturut gunggungé neptuné dina lan pasaran nalika lahir kapara 8.
Yen turah:
- Ginuron keringan
- Dur rabèn apesan
- Nglampra mblaur
- Brama panan
- Kuat menangan
- Cantula
- Punjul
- Ilmu, lantipan
Katrangan:
- Upama lahiré dina Kemis Paing neptuné Kemis 8, Paing 9, gunggung 17, kapara 8, turah 1, tiba Ginuron keringan.
- Upama lahire dina Slasa Wage, neptuné Slasa 3, wagé 4, 3+4=7. Sarehning neptu 7 ora kena dipara 8, banjur dipétung neptu 7 mau dadi turahan, dadi pètunge tiba Punjul, lan sabanjure.
- Neptune dina: Akad 5, Senèn 4, Slasa 3, Rebo 7, Kemis 8, Jumuah 6, Setu 9.
- Neptune pasaran: Legi 5, Paing 9, Pon 7, Wage 4, Kliwon 8.