BETALJEMUR ADAMMAKNA (HALAMAN 54-62)
No. 87. Tamba bayi lara sawan.
-
Godhong inggu, gagang suruh, dlingo, bawang, kabeh pinipis binanyonan sathithik, diuyahi sathithik, banjur kaperes disaring, banyuné dicekokake.
-
Godhong legundhi lan brambang kapipis, binanyonan sathithik, diuyahi sathithik kaperes disaring, banjur kacekokake.
-
Pucuking dlingo 3 iji kabakar nganti gosong, lan adas pulawaras kapipis, banjur diwor karo Jeruk pecel, kayu angin, oyod bayem, kèh sathithik sapantesé baé, banjur diwadhahi ing kriyuk, dibanyoni 2 mangkok kagodhog, banyuné dikarekake samangkok, banjur diombekaké sadina ping pindho, nganti 3 dina.
-
Oyod brambang, oyod suket lulangan, adas pulawaras, secang, bathok krambil laut, kabeh kapipis binanyonan sapantese, banyuné kacekokake, ampasé kaborehake.
-
Godhong sikil sawit, ganti, mesoyi, jinten, majakan, lempuyang, kabèh dimamah kang lembut, nuli disemburake kang warata.
No. 88. Tamba bayi kembung.
-
Adas sajimpit, brambang siji, kedhawung sajodho dibakar mateng kabèh kapipis, banjur kanggo tapel ing wetenge.
-
Godhong inggu satekem lan brambang, kapipis, diwori lengo putih, kanggo tapel ing wetenge.
-
Yen bocah grayangane panas, banjur tapelana godhong dhadhapsrep kang ijih semuruh, pinusus, banjur ditapelake.
-
Oyod lembong 1 wit, adas pulawaras sajimpit, brambang 1, kayulegi sajenthik, kapipis binanyonan diuyahi sathithik, banyune kacekokake.
-
Bocah kembung prayoga aja didusi, sarta sikile kiwa tengen, dlamakan, tangan kiwa tengen, èpèk-èpèk padha-padha digosok brambang karo lenga klethik.
No. 89. Tamba bayi lara panas.
-
Dlingo sapucuk jenthik, benglé sairis, katumbar sajimpit, brambang 1, mesoyi sapucuk jenthik, jinten ireng sajimpit, seprantu sacuwil, jenggot ajar sajenthik, kunir sajenthik, dikumbah resik, dipipis binanyonan cokak jawa sathithik lan lenga putih sawatara sapantese nuli dibionyohake awaké sakojur tekan sirah, lan banjur dikrukub.
-
Yen diantarakake mangka panase ijih ajeg, nuli tambanana godhong jinten sathithik, brambang 2 iji, banjur karemed diwori cokak jawa, banjur dikomprésaké ing sirahe, aja lèrèn-lèrèn yén durung sirep panase.
-
Déné jamune: oyod garut 2 wit, adas pulawaras sajimpit, brambang 1, kayulegi sadriji, dikumbah resik, kabèh kadheplok, binanyonan sathithik, kaperes disaring, banjur diombekake watara sasendhok mangan.
-
Godhong dhadhapsrep 5 lembar, upa (sega) watara sapulukan, banjur karemed, binanyonan sawatara, banyune kasaring, banjur kaombékaké watara sasendhok mangan.
-
Bonggol puspanyidra rong jempol, adas pulawaras nyajimpit, didheplok binanyonan, kaperes disaring diuyahi sathithik, banjur kaombekake watara saséndhok mangan.
-
Yèn banjur lara hulu atiné, tambanana kulit dlima putih, godhong póó, kembang pala, kabèh kapipis nuli tapelna ing hulu atine.
-
Godhong lampes, godhong sembukan, godhong trawas, botor putih, kedhawung, ketumbar, brambang, kèh sathithike sapantese baé, beras sajimpit, kabeh dipipis, banjur kanggo tapel.
No. 90. Tamba bayi mutah mutah ising isingen.
-
Godhong uncang lan godhong poo sapantese, kapipis binanyonan sawatara, banjur dipupukake ing mbun-bunan, sarta ing sikile dlamakan, tangan terus ing èpek-èpèk, lan godhoh kuping, kawedhakna kang rata.
-
Kembang suruh 5 iji, tuma 3 iji, kawenyed binanyonan sathithik, banjur dicekokkake.
-
Woh pala sakembangé, santen kanil, jinten putih, kulit dlima, jae 3 iris, kabeh kapipis, dibanyoni anggur, nuli dipopokake hulu atine.
No. 91. Pakaryan (pangupajiwa) kang jodho lan dhedhasaraning watake bocah, murih tumeka Ing kabegjan, miturut dina lahire.
Yèn lahire ing dina:
- Akad: Jodhone ulah tetanèn lan nenukang.
- Senèn: Jodhone ulah praja lan ngawula.
- Slasa: Jodhone ulah kaprajuritan lan ngambah segara.
- Rebo: Jodhone ulah kapradhatan (pengadilan) lan gendhing.
- Kemis: Jodhone ulah kapandhitan lan tetanèn.
- Jumuah: Jodhone ulah dagang lan tetanèn.
- Sabtu: Jodhone ulah kapujangan lan tetanèn.
No. 92. Petung tab pakaryan (panupajiwa) maneh, kang cocog lan dhasare wateking bocah, murih nemu kabegjan miturut dina lan pasarané nalika lahir.
Pangétungé mangkéné: weton dina lan pasaran kabanjurake tekan pendhak dina kaping 3, saka dina lahiré bocah mau, yaiku mangkéné gunggungé neptu dina lan pasaran kagunggung, kabagé 5, turah pira:
- Yèn turah 1: Wiji Wétan
- Yèn turah 2: Wiji Kidul
- Yèn turah 3: Wiji Kulon
- Yèn turah 4: Wiji Lor
- Yèn turah 5 (ceples/entèk): Wiji Tengah
Terange mangkéné (Conto): Saupama bocah lahiré dina Jumuah Pon.
- Jumuah Pon, neptune 6 + 7 = 13.
- Pendhak dina kapindho (Jumuah Kliwon), neptu 6 + 8 = 14.
- Pendhak dina kaping telu (Jumuah Paing), neptu 6 + 9 = 15.
- Gunggung neptu dina lan pasaran = 42.
- Neptu 42 banjur kabagé 5, turah 2, yaiku Wiji Kidul.
Wateké Wiji Siji-sijiné:
-
Turah 1 (Wiji Wetan - Wijining Kapriyayèn): Watek sinomé ingkang rinengga, wiji wétan kang darbeni Hyang Bathara Endra lan putra Dyah Tara Dewi, kuthanya kencanadi, kéndraning Samodra madu, peksinya atat kembang, ingon-ingoning narpati, kajengira nagapuspa rum kang sekar. Sembada warnanya éndah, isèrisen ramansari, jalu tanapi wanita, yèn wiji wétan kang jalmi, kabegjanira sakisra wita jalaranipun, wetuning sandhang pangan, saking pasihing Gusti, kathah kedhik samurwate juga-juga.
-
Turah 2 (Wiji Kidul - Wijining Sudagar): Wiji kidul ginupta, dewanira kang darbeni, nenggih Hyang Bathara Brama, lan atmaja Dyah Brenani, kithanira tembagi, kinubeng segara marus, manuke rang-urangan, telatèn ngupaya bukti, datan wigih angusir minèng jro toya. Kayuné ingas wataknya, sumuk lamun den aubi, wong wiji kidul sanadyan, lanang wadona kang jalmi, kabegjanira saking, amerdagang cari untung, yèku kang dadya kasab, panggayuhing sandhang bukti, ing samurwat-murwat wijiling kabegjan.
-
Turah 3 (Wiji Kulon - Wijining Kapandhitan): Kang wiji kilèn kinandha, kithanya slaka respati, kaendran jaladri pohan, déwanira kang darbeni, Hyang Mahadewa pekik, lan Mahadewi Sang ningrum peksine kuntul tansah, sabeng patirtan kang sepi, anarima mèt boga isining tirta. Kajenge wijayamulya, awingit sekarnya luwih, tuhu dadya srananing rat, yèn wiji kulon kang jalmi, jaler estriya dadi, tetumbal pamuwusipun, prasasat toya marta, amartani ing sesami, kabegjané mijil saking pamicara.
-
Turah 4 (Wiji Lor - Wijining Patanèn): Mangkaya wiji lèr winarna, kithanira purasani, kinubeng sagara nila, déwanira kang ngrenggani Bathara Wisnuwarti, lan garwa Dyah Sri rumarum, kayune asem dahat, silir ayem den aubi, peksinira gagak waskitèng sasmita. Nora linyok ing wicara, lan malih awèt nom yekti, lamun wiji lèr punika, jali tanapi pawèstri, kayane ulah bumi, gaga sawah anenandur, pala pendhem kasimpar, saklire kang pala dadi, iku ingkang dadi marganing kabegjan.
-
Turah 5 (Wiji Tengah - Wijining Paugeran): Wiji tengah cinarita, kithannya sinilih esih, mas suwasa sinasotya, pratistha kendraning tasik, tirtanya manca warni, dewanira kang amengku, pamugarining dewa, nenggih Hyang Guru Pramésthi, saha garwa parab Hyang Pramaiswara. Peksiné dewata mulya, aluhur sabeng wiyati, wreksanya gurdha kamatyan, ayom pangauban jalmi, priya miwah pawestri, yèn wiji tengah saèstu, linulutan ing jalma, akathah begjané luwih, nora pilih ing samubarang pakaryan.
No. 93. Jayané manungsa.
Petung adhedhasar gunggung neptu dina lan pasaran nalika lahir kanggo nemtokake arah "Jaya" (Keberuntungan).
| Gunggung Neptu | Pernahing Panggonan Jaya |
|---|---|
| 7 | Lor utawa Wétan |
| 8 | Lor utawa Wétan |
| 9 | Kidul utawa Wétan |
| 10 | Kidul utawa Wétan |
| 11 | Kulon |
| 12 | Lor utawa Kulon |
| 13 | Lor utawa Wétan |
| 14 | Kidul utawa Wétan |
| 15 | Kulon |
| 16 | Kulon |
| 17 | Lor utawa Kulon |
| 18 | Lor utawa Wétan |
Katrangan: Saupama lahir ing dina Kemis Wage (Kemis 8, Wage 4 = 12). Neptu 12 Jayane ana ing pernah Lor utawa Kulon. Dadi upama arep golek pagaweyan, golek pangupajiwa dagang lan samubarang apa bae, parané kudu ngalor utawa ngulon.
No. 94. Pal Yama.
Petung tibaning umur saben 12 tahun begja cilakane miturut gunggunge neptune dina lan pasaran nalika lahir.
| Gunggung Neptu | Umur 12 Th | Umur 24 Th | Umur 36 Th | Umur 48 Th | Umur 60 Th |
|---|---|---|---|---|---|
| 7, 8, 9 | Hajar | Wali | Pandhita | Nabi | Gunan |
| 10 | Gunan | Hajar | Wali | Pandhita | Nabi |
| 11, 12 | Nabi | Gunan | Hajar | Wali | Pandhita |
| 13, 14, 15 | Pandhita | Nabi | Gunan | Hajar | Wali |
| 16, 17 | Wali | Pandhita | Nabi | Gunan | Hajar |
| 18 | Hajar | Wali | Pandhita | Nabi | Gunan |
Katrangan Tegesé:
- Wali, Pandhita, Nabi: Tegesé Becik.
- Hajar, Gunan: Tegesé Ala.
Slametan:
-
Yèn tiba becik (Wali, Pandhita, Nabi): Sidhekahé tumpeng 2, iwaké pitik putih, sikile kuning, digawe lembaran geréh gatel kuluban ranti lan kacang klotokan, sambel gepèng, legen sakebake beruk, menyan bobot telung tail, kembang warna wolu, slaka bobot limang saga. Dongané tawil ngumur.
-
Yèn tiba ala (Hajar, Gunan): Sidhekaha tumpeng 2, liwet wuduk lan punar, iwaké bebek putih digawé lembaran, pitik brumbun pinanggang kuluban warna wolu, pélas terik. Saranane gobed (bendho) kang bener (ora bengkelung) lan pangot waja. Dongane tawil nguwur lan tulak. Yèn ora kuwasa cukup kèthèng.
No. 95. Pal Iladuni.
Petung tibaning umur saben 12 tahun begja cilakane ganti miturut Dina Lahir.
| Dina Lahir | Umur 12 Th (I) | Umur 24 Th (II) | Umur 36 Th (III) | Umur 48 Th (IV) | Umur 60 Th (V) |
|---|---|---|---|---|---|
| Akad | Tuna | Harja | Kagèt | Harja | Cilaka |
| Senen | Cilaka | Harja | Kagèt | Harja Gedhe | Cilaka |
| Slasa | Tuna | Harja | Kagèt | Harja Gedhe | Cilaka |
| Rebo | Susah | Harja | Satruning Allah | Harja Gedhe | Kagèt |
| Kemis | Tuna | Susah | Harja Gedhe | Cilaka | Tuna |
| Jumuah | Harja | Akèh sanak takon | Satruning Allah | Tuna | Harja |
| Saptu | Susah | Harja | Satruning Allah | Harja | Harja |
Cathetan: Siklus bali manèh sawise umur 60 tahun.
No. 96. Pal Srigati.
Petungan tibaning umur saben 6 tahun rijeki sandhang pangane ganti miturut gunggunge dina lan pasaran nalika lahir.
| Neptu | 6 Th | 12 Th | 18 Th | 24 Th | 30 Th | 36 Th | 42 Th | 48 Th | 54 Th | 60 Th | 66 Th | 72 Th | 78 Th | 84 Th | 90 Th |
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| 7 | 5 | 5 | 3 | 2 | 2 | 3 | 2 | 2 | 3 | 2 | 2 | 3 | 5 | 1 | 5 |
| 8 | 5 | 1 | 2 | 5 | 2 | 1 | 2 | 2 | 1 | 2 | 2 | 1 | 5 | 2 | 5 |
| 9 | 2 | 2 | 6 | 1 | 5 | 1 | 5 | 6 | 1 | 5 | 1 | 5 | 6 | 1 | 1 |
| 10 | 1 | 1 | 5 | 2 | 9 | 5 | 1 | 1 | 0 | 1 | 1 | 5 | 2 | 9 | 5 |
| 11 | 1 | 5 | 6 | 1 | 1 | 5 | 2 | 2 | 1 | 1 | 1 | 3 | 5 | 2 | 2 |
| 12 | 2 | 2 | 2 | 2 | 2 | 1 | 6 | 5 | 2 | 3 | 6 | 1 | 2 | 5 | 2 |
| 13 | 3 | 5 | 1 | 5 | 1 | 5 | 6 | 8 | 1 | 5 | 2 | 3 | 2 | 1 | 3 |
| 14 | 3 | 4 | 2 | 4 | 2 | 1 | 2 | 1 | 3 | 2 | 2 | 2 | 3 | 3 | 1 |
| 15 | 1 | 4 | 3 | 1 | 5 | 1 | 1 | 2 | 2 | 5 | 1 | 4 | 2 | 5 | 2 |
| 16 | 5 | 8 | 1 | 5 | 5 | 8 | 1 | 1 | 2 | 1 | 6 | 5 | 2 | 2 | 6 |
| 17 | 1 | 2 | 5 | 2 | 1 | 6 | 5 | 2 | 5 | 3 | 2 | 3 | 2 | 3 | 3 |
| 18 | 2 | 3 | 1 | 2 | 1 | 7 | 3 | 1 | 1 | 5 | 5 | 1 | 6 | 5 | 1 |
Katrangan: Saupama bocah lahir dina Rebo Wage.
- Rebo (7) + Wage (4) = 11.
- Deleng tabel angka 11 (baris gunggung neptu).
- Bocah mau wiwit lahir tumekané umur 6 tahun oleh biji 1.
- Umur 6 tahun luwih sadina tumekané 12 tahun oleh biji 5.
- Mangkono sabanjure.
Tegesé Angka:
- Yèn tiba angka gedhe (biji akèh), iku tegesé akèh begjane lan senenge.
- Yèn tiba angka cilik (biji sathithik), kurang begjané lan senenge.
- Kang akèh dhéwé tiba angka 9, kang sethithik dhéwé tiba angka 1.
No. 97. Wataking bayi miturut dina nalika lahire.
-
Akad: Lakuning sréngéngé, padhang atine, suka rila samubarangé maring pawong sanake, keras budiné, asih marang kawula, resikan lan pinter wicara, bisa mrentah wong tuwa.
-
Senèn: Lakuné rembulan, ora kena digagampang wicarane, sabab luwih panas, kebat cukat samubarange, suka rila ing batin, dhemen marang panggawe bener.
-
Slasa: Lakune geni, durjana rong prakara, disengeti wong, yèn duwé sasanakan mung sadhéla, sabab banjur crah, suka rila, nanging jail dahwen panastèn tan antepan.
-
Rebo: Lakuning bumi, yèn becik ngluwihi beciké, ora kurang sandhang pangan, budine meneng, yèn clathu kepara ngarep, samangsa gelem clathu kakudu-kudu.
-
Kemis: Lakuning angin lan gelap, sapa kang dadi jodhone sring mati dhisik, akèh kang padha wedi mring wicarané, yèn duwe rowang ora bisa awèt, ora terus ing batin, panas atine, luwih brangasan, ing lahir budiné luwih becik sarta rempit, dhemen digunggung ing wong, kena diapusi yen diempuk alus.
-
Jumuah: Lakuning lintang, dhemen mandhita lan dhemen mlarat, yèn deduwen dijaluk sanak sadulure suka rila, dhemen ngupaya kapinteran, ambeke alus, suka marang pawong sanake, akèh pawong mitrane padha asih.
-
Setu: Lakuning banyu, kerep disatru wong, akèh mitrané uga padha nyirik, sarta kinaweden ing wong akèh, nanging ana kayané, pinter ngupaya sandhang pangan, dol tinuku gelis payu, luwih banter gawéne, sabarang pagawéyan kudu maratangan, énggal katandangan.
No. 98. Wataking bayi miturut dina lan jam nalika lahir.
(Wayah Awan utawa Bengi)
- Akad Jam 2: Pandhita sabdaning nyata, temen.
- Senén Jam 2: Dora, dursila.
- Slasa Jam 1: Malaékat ngambil nyawa, lalaranen utawa cendhak umure.
- Rebo Jam 2: Ratu wibawa mukti.
- Kemis Jam 2: Bangsa pangasihan, antepan.
- Jumuah Jam 2: Bangsa palényokan, lèmèran.
- Setu Jam 1: Malaékat ngambil nyawa, lalaranen utawa cendhak umure.
No. 99. Wataking bayi miturut pasarane nalika lahir.
-
Kliwon (Wisa Marta Durjana Tengah):
- Ingon-ingon: Munyuk (Kethek) lan Asu.
- Watak Munyuk: Dhemen mènèk, galak, ora bisa tutut, akèh akale, saba dharatan lan kekayonan, sanajan wis dipakani uga gelem nyakot lan nglwingiwi.
- Watak Asu: Setiya tuhu marang bendarane nanging crobo pangané, gedhe kakarepané, akèh slamete sabab akèh pujiné.
- Slametané: Kethek, tegesé jenang mancawarna.
-
Legi (Sumendi):
- Ngibataké Ratu utawa Bupati. Ingon-ingon: Kucing karo Tikus.
- Watak: Awas, luwih tutut, bungah atine, tan duwe sanggrunggi, bilahine dipaéka. Bisa amor sugih/mlarat.
- Watak Tikus: Awas, bingung atiné, sathithik pangané, mandi panyakoté, sring diwisaya wong, gedhe begjané lan gedhé bilahine.
- Slametane: Pitik, tegesé tukon pasar sapepake.
-
Paing (Cendhana):
- Ingon-ingon: Macan.
- Watak: Adoh pasabané, lungguh dhéwé, turu dhéwé, arang mangané kajaba yèn dadi ingon-ingone ratu, akèh satrune, yèn dhisiki mbilaheni, yèn duwe gagaman resikan, nepsune saka wong wadon, kerep diapusi, barangé kang ilang arang kang bisa bali.
- Slametane: Kucing, tegesé sega lan iwak.
-
Pon (Samahita):
- Kulon lakuning Nabi. Ingon-ingon: Wedhus.
- Watak: Dhemen wajangan, pasabané ora adoh, kang dipangan tanduran (duwéké dhéwé), sring muring-muring maring bojone lan anak batihe, nalare kuwur saka wong tuwa, sok wani maring kang ngingu. Watekè Nabi tutut budine, pituturé lumaku digugu.
- Slametane: Bulus angrem, tegese klepon karo srabi.
-
Wage (Prabuanom):
- Lor lakuning dhandhang. Ingon-ingon: Sapi.
- Watak: Tutut, sakarepe kang ngerèh dadi, pangane kudu dingoni, crobo. Watake sapi dhoso, yèn dipecut sok ngamuk, sabarang tinubruk, sathithik amburu pangan, nanging yèn mangan lali sanak sadulure, peteng pikire kena pitenah, duwé kasinggihan nanging angkuh.
- Slametané: Banthèng, tegese sego golong.