PRIMBON BETALJEMUR ADAMMAKNA (HALAMAN 42-54)

No. 61. Kopohan

Jarik tilas dienggo tapih nalika duwe bayi, sawisé dikumbah resik banjur dirawati (ora keno dienggo Déné kanggone mung yèn si bayi ora kapénak awake, iku ginawe suwuk dikemulake. Apadené dienggo bésuk yèn duwé anak manèh. Sarta kang ngumbah kopohan mau nganggo penebus (diupahi) dhuwit suwang saprapat (suwang sabenggol = 10,5 sen).

No. 62. Slametan brokohan.

Yèn bayi mentas lahir, dibrokohi yaiku endhog mentah cacahé miturut neptuné dina lan pasarane lahire bayi iku, gula jawa, dhawet, lan ambeng diwadhahi tampah, iwake kebo siji (iwak daging sathithik, lan sarupane jerohan sathithik sathithik dipepaki sarta matane siji) lan pécél pitik jangan menir.

No. 63. Rencanane bayi lahir.

Kang anggoda para Déwa, utusané Sanghyang Siwa, yèn bayi lahir lagi:

  1. Sawengi, kang ngrencana Bathara Kala, rupa asu ajag tekane surup srengenge, tulake lawang obongana wlirang, sajroning omah oborana blarak sawengi ping telu, sajèné sega punar iwak ati saundhuhan, kinang, pangilon, kelut, sapu gerang, kendhi, papan damar nèng dhaganing bayi, bapakné ngubengana omah lan muji mangkéné: Akala nama siwa.
  2. Rong bengi, kang ngrencana Bathara Brama rupa sapi, tekané sirep wong, tulaké lawang didodoki godhong nanas dilonthèngi putih lan ireng, ngobong kulit brambang, jeron omah diobori nganggo blarak sawengi ping telu, sajène: sega abang lawuhé kuluban, kinang, pengilon, sapu gerang, papan kendhi, damar neng dhaganing bayi, bapakne ngubengi omah lan muji mangkéné: Hong brama sia yama swa nenu.
  3. Telung bengi, Bathara wisnu rupa célèng, tekané tengah wengi, tulaké pipi lawang dèkèkana ri widara, lan ngobong godhong tanjung, sajroning omah diobori nganggo blarak sawengi ping telu. Sajèné sega ireng iwak banyu, kinang, menyan madu, kembang borèh, kelut (sapu), papan pengilon, sapu gerang neng dhaganing bayi, damar, bapakné ngubengi omah lan muji mengkéné: suyuna manta slano slana.
  4. Patang bengi, Bhatara Guru rupa manuk perkutut, lan Bathara Mahadewa rupa wedhus, apa déné Bathara Yama rupa Sanggira, Bathara Brama rupa sapi, Bathara Kuwera rupa tikus, Bathara Pritanjala rupa manuk emprit, Bathara Langsur rupa menjangan, Bathara Kala rupa asu, Bathara Ludra rupa sapi Handini, Bathara Surya rupa ula, Bathara Candra rupa kucing.

Tutulake omah dikenthengi lawe wenang mubeng, sawengi ora kena turu, ngundanga sanak karuhé supaya ngrèwangi mèlèk. Bayi kudu dipangku sawengi muput, geahèg omah disemburi dlingo bengle lan bawang, pujiné: Hong, hong, ywan ywan, Siwah boja bujanaki, tamar swana, maswala, ora kena matèni kutu - kutu walang ngataga, semut, tinggi, lemut lan sakabèhé baé, sanajan gegremetané kang lembut banget uga ora kena dèn patèni.

Kang padha ngrencana mau sawengi kudu dibagekakè kaping telu, sambat arané Sang Kala Katung mangkéné mantrané:

  • Sapisan, ing wektu suruping srengéngé, mantrane: Ahang kona ristikané sediya ayu, sun iya harja, muliha mengko padha tekamu tan anggegawa ala lungamu uga aja anggegawa ala.
  • Kapindho ing wektu tengah wengi mantrane: Ahang, komes mateka Ing kéné sedlya harja, ingsun iki iya harja, mulia bareng tekamu, tekamu ora anggegawa mulihmu uga aja anggegawa.
  • Kaping telune, ing byar rahina mantrané: Ahang kanu raswa rawuh, sediya hayu, sun lya harja, mulia bareng saiki, tekamu ora anggegawa, mulihmu uga aja anggegawa.

Anggone mbagèkaké yaiku anggone mantrani seru kaya déné wong nyentak.

No. 64. Puput puser.

Yèn wis puput puseré bolonganing puser dibunteti nganggo mrica 2 yen bayiné lanang, déné yen wadon dibunteti nganggo tumbar 2. Mrica utawa tumbar kalebokake ing bolongan puser dipenetake ing tangan nganggo diwur - wuri: sukmadiluwih, jambulling kembang nagasari, digoreng sangan banjur kapipis, kerikan: munthu, irus, menyan (sathithik bae mung kanggo sarat).

Coplokan puser dirawati kang permati. Omah awerana manèh lawe wenang mubeng, pinggir lawang omah dokokana godhong nanas dilonthèngi enjet lan angus dièmper ula welang, lan gogodhongan: widara, apa-apa, awar-awar, girang, ri kemarung, kupat luwar isi sawanan (dlingo, bengle, bawang). Kabèh mau panulaking sarap sawan, panunggalane kaya kasebut ing dhuwur.

Sarapsawan iku kadadeyane para sadulur: kakang kawah, adi ari ari, kang metu bareng sadina kang metu ing marga ina, kang karawatan, lan ora karawatan, getih puser kalima pancer, welat kunir lan coplokan ari-ari. Mula supaya ora ngganggu gawe para sadulure sibayi mau, supaya digawèkake dolanan yaiku: payung, gendéra, umbul-umbul, kagawé saka kertas, kerisan lan tumbak kang digawé pring, kabèh mau ditancepake ing gedebog, lan mengko bengi jam 7 nyumeda mrecon martandhani yen wis puput.

Kajaba iku ing sawengi muput kudu dipangku, wayah ésuk byar rahina sibayi lagi kena diturokake ing paturone sibayi dèkèkana gandhik cacoròk coròk enjet kaemba wong, nganggo: Mata, Irung, cangkem lan sapanunggalane, digedhong cara bayi, katurokake ing paturone sibayi ana tampah kalèmèkan godhong senthé. Déné slametané sega janganan, jenang abang, jenang barobaro, lan jajan pasar. Ing wengi iku sibayi banjur diwèněhi jeneng.

No. 65. Jeneng.

Gawe jenenging, bocah iku iya nganggo pétongan, dené petungé miturut gunggunggé neptu dina lan pasarané nalika lahir, banjur kapara 5, yèn bisa cèples (ora turah) iku kang becik terange mangkené saupama bocah lahir ing dina Kemis Pon, dijenengi, ... iku tiba pétung becik, sabab dina Kemis Pon neptune 8 + 7 = 15 ditambah neptune aksara kang dienggo jeneng... gunggung 30, banjur kapara 5, bisa cèples (ora turah).

Déné neptune aksara petungé yaiku: Ha = 1, Na = 2, Ca = 3, Ra = 4, Ka = 5, Da = 6, Ta = 7, Sa = 8, Wa = 9, La = 10, Pa = 11, Dha = 12, Ja = 13, Ya = 14, Nya = 15, Ma = 16, Ga = 17, Ba = 18, Tha = 19, Nga = 20.

No. 66. Rencanane bayi yen lagi puput puser.

Kajaba rencanané bayi ing sawengi tumekané 4 bengi kaya kasebut ing No. 63, yen mbeneri puput puser, iku luwih gedhe maneh rencanane, kasebut sarapsawan, sarapsawan iku lelembut, sadulure sijabangbayi dhewe, yen ora disumurupi, banjur ngganggu gawe. Dene sadulure sibayi yaiku:

  1. Kutilapas kethek (kedadéan saka bungkus).
  2. Cè èng demalung (kawah).
  3. Asu ajag (ari-ari).
  4. Kalasrenggi (bantheng) - getih.
  5. Kalamurti (kebo) - kelem.
  6. Kalarandhing (menjangan) - ilu.
  7. Kalawelakas (kidang) - kunir landhesane pangethoking ari-ari.
  8. Tikus jinada - coplokaning ari-ari.
  9. Taliwangke - ususing ari ari.

Para sadulur - sadulur sijabang bayi mau, kajaba disumurupi kaya kasebut ing No. 63 lan uga dilèla - lèla sarana kikidungan, marigkéné kikidungane:

DHANDHANGGULA

  1. Ana kidung akadang premati, among tuwuh ing kawastanira, nganakaken saciptane, kakang kawah puniku, kang rumeksa ing awak mami, anekakaken sedya, pan kawusananipun, adhi ari-ari ika, kang mayunyi ing laku kuwasanèki, ngenakaken pengarah.
  2. Ponang getih ing rahina wengi, angrowangi Allah kang kuwasa andadèkaken karsane, puser kuwasanipun, nguyu-uyu sembawa mami, nuruti ing panedha, kuwasaniréku, jangkep kadangingsun papat, kalimané pancer wus sawiji, nunggal sawujud ingwang.
  3. Yeku kadangingsun kang umijil, saking margaina sareng samya sadina awor enggone, sakawan kadangingsun, ingkang ora umijil saking, margaina punika, kumpule lan ingsun, dadiya makdumsarpin sira, wawayangan ing dat reke dadiya kanthi, saparan datan pisah.
  4. Yèn angidung poma dèn memetri, mumuléa sega golong lima, talir ponthang wawadhahe iwak - iwakanipun iwak tasik rawa lan kali, sarta iwak bengawan, mawa gantalipun, rong supit winungkus samya, apan dadya sawungkus arta sadhuwit, sawungkuse punika.
  5. Tumpangena nèng ponthangnya sami, dadya limang wungkus ponthang lima, sinung sekar cepakané, loro saponthangipun, kembang borèh dupa, ywa lali, memetri ujubira, donganira mahmud, poma dipun lakonana, saben dina nuju kalahiran nèki, agung sawabe ika.
  6. Balik lamun nora dèn lakoni, kadangira pan padha ngrencana, temah udrasa ciptane, sesedyanira wurung, lawan luput pangarahanèki, sakarepira wigar, gagar datan antuk, saking kurang temenira, madhep laku iku dèn éling, samya dèn kawruhana.

No. 67 Yen bayi sumeng.

Yèn bayi sumeng rama ibuné padha ndilatana mbunbunane, èpek - èpèké karo pisan, lan dimanèé uga karo pisan, anggone ndilati wiwit saka kiwa. Déné yèn rèwèl kerep nangis, banjur ngidunga kaya ing ngisor iki:

KINANTHI

  1. Yèn nangis laré puniku, léla lélanen anuli, supaya doh kang lalara, sarap sawane alari, tan want anyedhakana, saking rokhmate Hyang widi.
  2. Winacaa puji iku, sétan lumayu nggendring, sarap sawane anyimpang, panca baya pan sumingkir, kala kalané akesah, datan wani amarani.
  3. Pitik tulak pitik tukung, tetulake jabang bayi, situlak tunggu neng marga, situkung mangungkung ngarsi, cacing recek samya ilang, kruma kremi padha mati.
  4. Ana kinjeng tangis mabur, amèncok nèng séla hardi, mireng tangise ki jabang, arsa njuwuk anjampèni, jabang bayi wis menenga, wis menenga, wis turua aywa nangis.
  5. Sapa manglong-manglong iku apa sira maling sekti, ing lor kidul kulon wetan, den kongkon aguna maling, amburu si asu ajag, dipoma dèn konsi mati.
  6. Maling aguna sirèku, kalawan sibajing kikik, miwah si aji palampang, reksanen sijabang bayi mburu jinadha Jantala, lawan sigumarang sapi.
  7. Miwah sicelèng demalung, tundhungen dimèn angalih, yen wus nora katinggalan, sira balia dèn aglis, reksanen ingkang santosa, anakingsun jabang bayi.
  8. Sawengi ajana turu, dimen adoh kang bilahi, sumingkir Ingkang lalara, tan ana wanli nyedhaki, mulla aywa nggegawa, sijabang amales becik.

No. 68. Slametan sapasaran.

Slametan sapasaran, yaiku sega tumpeng janganan, jenang abang putih, barobaro, lan jajan pasar.

No. 69. Slametan salapanan.

Slametan salapanan, padha lan sapasaran, mung bae ing dhagan paturone bayi, sajènana bathok bolong dilambari godhong banjur didèkèki katul lan areng jati, banjur ditumpangi godhong, sawise banjur didèkèki tumpang, tumpeng mau ing pucuk ditancepi brambang, lombok abang lan endhog glundhungan.

Kajaba saka iku, bocah yen wis umur salapan dina, banjur dicukur. Déné rambut cukuran sapisanan, lan kethokan kuku disawati, sarta ditunggalna dadi siji karo coplokane puser lan taine kalong. Mulane perlu dirawati, mbokmenawa bésuk bocah mau dhemen marang kadigdayan kanuragan, aji jaya kawijayan, nora tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurèndha, coplokane puser lan liya - liyane kang didadeke siji mau supaya diuntala.

Déné slametan 2, 3, 4, 5, lan 6 lapan, mung sega janganan, jajan pasar lan jenang abang, putih, baro - baro.

No. 70. Slametan mudhun lemah.

Yèn wis umur 7 lapan, banjur mudhun lemah, slametane sega Janganan lan liya - liyane kaya kasebut ing ndhuwur iku, sarta juwadah lan tetel warna pitu (abang, putih, ireng, kuning, biru, jambon, wungu) banyu kembang setaman, pari, kapas, andha tebu arjuna, bokor isi beras kuning, kembang lan sawarnaning dhuwit: igaran, sèn, kethip, talèn, rupiyah, ringgit, lan rajabrana gelang, kalung, ali-ali, sapanunggalané, sarta disedhiani kurungan.

Bocah ditetah didak - idakake jadah tetel, banjur diunggahake andha tebu, yen wis banjur dikurungi, bokor isi rupa-rupa mau, lan pari kapas, dicedhakake supaya bocah bisa dolanan njupuk sakarepe, ing kono banjur undhik-undhik (beras kuning lan dhuwit disawurake, banjur kanggo rebutan sing padha nonton). Sawise, bocah banjur didusi banyu kembang setaman. Sarampunge banjur dienggon enggoni sandhangan, lan nganggo gelang, kalung, sapapadhane banjur kalungguhake ana ngomah ing gelaran pasir, bokor Isi: Beras kuning, dhuwit, rajabrana dicedhakake maneh, banjur dikur, kur, kur, (nguwur - uwurake beras kuning kang diwori dhuwit lan rajabrana), bocah mau dichedhakake supaya njupuk.

No. 71. Nyapih.

Bocah yèn umur 18 wulan utawa tumekané 2 tahun banjur disapih, dené isaraté bocah mau digawa ing sangisoring wit gedhang, ing kono didekèki pangaron isi kembang setaman, sarta pangaroné dilèlèti tape ketan. Saka sangisoring wit gedhang, bocah mau diemban digawa mubeng ngubengi omah ping telu, banjur sirahe dijeglugake wit gedhang ping telu (kanggo sarat, mung lirih baé) banjur didongani mangkéné: sang wéwé putih, kowe dak opahi tape sapangaron, nanging janji bisa nyapih sijabang bayi, aja nganti nangis. Bocah mau banjur didusi kembang setaman kang ana sangisoring wit gedhang mau.

Kajaba iku sadurunge bocah mau kudu dicekoki: kunir, tumbar, trawas, dipipis binanyonan, dene ampase diwuwuhi enjet banjur kanggo tapel. Sarta omben - ombene: kleyang godhong dhadhap lan babakané, kagodhog, banyuné sapantese, iku kanggo omben ombèn. Sarta dipupuki: godhong dhadhap srep, upa lan uyah sajimpit dipipis lembut.

No. 72. Slametan tetesan.

Yen bocah wadon 8-10 tahun, kudu ditetesi (sunat), slametan lan sajene: Jenang abang, putih, barobaro, tumpeng robyong, tumpeng gundhul (tanpa lawuh), gula Jawa satangkep, kambil wutuh 1, empluk isi beras, kemiri, kluwak, gedhang ayu, suruh ayu, gambir, jambé sagagangé, kembang telon, menyan, lawe, kisi, dilah, kerdhi, pitik urip, tindhihe dhuwit rong wang sabénggol.

Déné papané kang kanggo netesi, digelari klasa ing tengah klasa pasir utawa babut, didekeki godhong: apa-apa, kluwih, kara, dhadhap srep, alang - alang, ditumpangi klasa bangka cilik, banjur dilèmeki: lètrèk, jinggo, banguntulak, sindur, sembagi, selèndhang lurik puluh-watu, yuyusekandhang lan lawon. Bocah kang ditetesi kapangku ing sanak sadulur kang wis sepuh lan katon mulya uripe, perlu disuwuni sawab berkah supaya katularan mukti, mripaté bocah mau ditutupi saka buri banjur dhukun methet (netes), déné pathetane, kunir lan kapuké kecemplungake ing cuwo isi kembang setaman, banjur kalabug ing bengawan.

Sawise ditetesi bocah mau banjur kon mamah jamu mamahan, wujude yaiku: beras kencur, kunir asem, tumbar, trawas, lan kayulegi, kabèh mau mentahan. Jamu kasebut ing dhuwur mau, pamamahe genti - genti, banyuné kahulu, ampaséé dilepeh, lan banjur nguntal endhog pitik mentah. Sawise bocah mau banjur disirami lungguh dhingklik dilèmèki kaya nalika ditetesi.

No. 73. Tarapan.

Bocah tarap (wiwitan anggarap sari), sajrone 7 dina bocah mau ora kena metu saka omah, gelungane ditalèni nganggo lawe, supaya aja nganti wudhar sajroné 7 dina, lan ora kena adus, sajroné 7 dina, yèn lungguh nganggo lémék jamu galihan dikanthongi, sarta kangthongane dirangkepi lawon. Yèn wis 7 dina banjur didusi. Sarampunge adus banjur Jejamu mamahan, rupane kaya Jamu mamahan yèn tetesan. Nanging tambah jejamu mamahan kang digodhog, yaiku pentil dlima putih, temulawak dikruweki diiseni majakan, jeruk purut diiseni cengkeh sajodho lan pentil félagantung, pemamahe iya kaya nalika tetes.

No. 74. Supitan.

Bocah lanang umur 13 - 15 tahun kudu disupit, sarèhning wis umum diwuningani, tatacarané ora perlu diterangake. Déné slamétiané lan sajéné padha lan slametan tetesan, mung tambah sajèn sawarnaning gerangan arit, pacul, pangot, marisan, linggis lan sapadhané, kabèh mau diwadhahi tebok kaya nata ambengan. Déné yèn arep disupiti wayah jam 4 utawa 5 ésuk, kudu kumkum dhisik.

No. 75. Tetambané wanita anggarbini (meteng).

  1. Yen anggarbini sasasi tumeka 3 sasi, jejamunè dlingo, bengle, kunir, temulawak, sintok, mesoyi, cabé, bawang putih, kemukus, seprantu, lempuyang, godhong cukilan, kembang worawari bang, banjur kapipis, binanyonan sapantesé, kaombe.

  2. Yen anggarbini 3 sasi tumeka 7 sasi, jejamua wejah, yaiku: godhong sinom, pupus dhadhapsrep, pupus jambu kluthuk, pupus jambu dersana, bethonan nanas, godhong meniran, sèmbukan, krema, temugiring, temu ireng, lempuyang, kunir, sawanan, kèh sathithile sapantése, banjur kadheplok binanyoman sawatara, kasaring, banjur kaombe, yèn arep kaombé kecerna jeruk pecel sathithik. Jejamu mangkono iku ing saben dina Senen, Kamis.

  3. Yèn anggarbini luwih 7 sasi tumeka 8 sasi, ing saben dina Senen, kemis, jejamua ombèn ombèn kang ginawé saka kayu legi sadriji didhedhegi, kerikan secang pengaji saprapat dhuwit, banjur dikum nganggo leri bungkak watara 3 jam suwéné, banjur kaombé. Déné ing saben dina Rebo lan Sabtu, jejamu ombén- ombén kang ginawe saka: cabé 3 iji lempuyang 2 rampang (grigih), kadheplok binanyonan sapantese, diuyahi sajimpit kan dikeceri jeruk pecel sathithik, kaudhak banjur kaombe.

  4. Yèn anggarbini ngancik 9 sasi, ing dalem seminggu sapisan jejamua sorog, yaiku: ketumbar sajimpit, godhong trawas rong lembar, seprantu siji, binuwang isine, jinten ireng sajimpit, Jongrahab, ajar lan mesoyi sathithik, thothok mimi sacuwil, kulit urang kabakar sathithik, banjur kapipis, diuyahi lan binanyonan sapantase, kasaring, banjur kaombe.

  5. Yen wis anggarbini ngancik 9 sasi, kajaba kasebut ing ndhuwur, uga prayoga jejamua komplang, yaiku: temulawak saendhas Jago diparut, banjur diperes diwori lenga klentik 1/2 sendhok teh, banjur diombe. Pangombene ana ing tengah lawang, sarta jamu mau pangombene diwadhahi godhong lumbu.

  6. Lan uga yèn anggarbini ngancik 9 sasi, uga luwih becik yen jejamua: cabe lempuyang dicampuri lenga klentik kang isih anyar 1/2 séndhok tèh banjur kaombe.

    Kajaba saka iku, longkange dina kanggo jejamu kang kasebut ing ndhuwur mau, wiwit anggarbini nom tumeka tuwa, luwih prayoga yèn uga jejamu kaya ing ngisor iki:

    • Kang kerep ngombé cabe lempuyang, mung nganggo diuyahi sathithik. Ngombe banyuné godhongan kacang ijo, ampaséé kadhahar uga luwih prayoga.
    • Déné kang dienggo borèh, yaiku gagang suruh, didhedhegi dhisik, lan kacang ijo digodhog, dicampuri lenga wangi banjur kaborehake ing padharan.
    • Yen anggarbini ora bisa mbebuwang kang samesthine, padharané tapelana: godhong semangka, godhong jarak ijo, godhong gandarasa, brambang, adas pulawaras, temu putih, dlinggo bengle, lempuyang, banjur kapipis nuli ditapelakè ing padharan lan sakiwa - tengene.

No. 76. Tamba sawisé nglairakĂ© jabang bayi.

  1. Ing saben ésuk soré, wedhakana beras kencur nganti sapasar lawase.
  2. Lan uga wedhakana temutis, bengle, kunci, lempuyang emprit, godhong poo, kencur, seprantu, godhong lan kulite jeruk purut, kayuangin, sintok, mesoyi, cabe, bawang, brambang, cengkeh, pala, adas pulawaras, jinten ireng, jinten putih, waronsari, mungsi, dlingo, kembang tapèn, mrica putih, banjur kapipis binanyonan saprayogané banjur kanggo wedhak.
  3. Ngombé jamu kang digawé laos, bawang putih, uyah goreng, kapipis binanyonan banjur kaombe.
  4. Ngombe jamu parem kang digawe saka: ketumbar, mungsi jawa, adas pulawaras, Jinten irèng, cengkeh, kemukus, kapulaga, sidawayah, sukmadi-luwih, kembang pulu (kembang sumba), widara laut, secang, manis jangan, sintok, mesoyi, kayulegi, kayuangin, kadhawung, pala, kencur, kunir, temugiring, temulawak, asem ireng, kabèh mau diepé, yèn wis garing banjur didheplok dadi bubukan, yèn arep jejamu njupuka saperlunĂ© binanyonan diuyahi sathithik banjur kaombe.
  5. Tapele kembang kenanga, bengle, jongrahab, ketumbar bolong, kapipis banjur ditapelake.
  6. Utawa suruh, bengle, ketumbar bolong, jongrahab, kapipis binanyonan sathithik, banjur ditapelaké ing padharan.
  7. Pilise, yèn esuk nganggo godhong turi, jongrahab, ketumbar bolong, brambang, kapipis banjur kapilisake, yèn ora bisa kraket binanyonan sathithik.
  8. Utawa nganggo pilis singgul, yaiku: dlinggo, bengle, kunir, jinten ireng, lempuyang, ketumbar, mesoyl, Jenggot ajar, isi seprantu kapipis banjur kapilisaké, yen ora kraket binanyonan sathithik.
  9. Lan uga wewedhakan: dlingo, benglé, kunir, jinten ireng, lempuyang, kemukus, mesoyi, kayuangin, kayutimur, seré, tegari, ganti, kencur, kemukus, cengkeh, sintok, cendana, banjur kadheplok dadi siji kaulet diglintiri cilik - cilik, sarta kaepé nganti sasai lawasé, déné panganggone dijèri banyu kanggo wedhakan.
  10. Yen wis oleh 40 dina, jejamuné yaiku mungsi, cabé, kemukus, klabet, jinten ireng, kayu jangjang, kedhawung binakar, kembang pala, podhi sari, murmak daging, sintok, seprantu, getah pelang, pulasari, kayu legi, godhong trawas, jenitri, kembang lawang, kapipis binanyonan banjur kaombe.

No. 77. Tamba payudara supaya deres wetuning banyu susu lan yen kena lelara

  1. Oyod pari, oyod kangkung, adas pulawaras, keningar, kapipis lembut banjur kawedhakaké ing payudara, supaya deres wetuning banyu susu.
  2. Temulawak diparut, godhog karuk, tawas, ragi, kayulegi, brambang, kapipis banjur kawedhakake ing payudara supaya deres wetuning bayu susu.
  3. Payudara sandhanen, tambanana godhong kecubung, adas pulawarasa, brambang, kembang abu, kapipis binanyonan cokak Jawa, yen arep kanggo, dienget nganti mangaet mangaet, banjur diwedhakake ing payudara.
  4. Payudara mentheng mentheng abang krasa lara utawa abuh, tambanana pala digodhog, sarta kuliting dlingo kapipis, banjur ditutul tutulake kang lara nganggo gombalan.

No. 78. Tamba Tapel lan pupuking bayi

  1. Jeruk pecel 1, enjet, lenga putih, diulet banjur ditapelake.
  2. Adas, brambang, kadhawung, dibakar, kayu angin, kayu ulet ulet (kayu ules), temulawak, godhong lapes, godhong sèmbukan, asem ireng, banjur kapipis, kanggo tapel.
  3. Yèn sore pupuke: dlingo, bengle, brambang, kunir, kapipis, banjur kapupukaké, déné anggonĂ© mupuki, ing saben dina Ă©suk sore, nganti bayi umur 14 sasi.
  4. Yèn ésuk pupuke: godhong krema, temu giring, brambang, kapipis, kanggo pupuk. Déné anggonĂ© mupuki ing saben dina Ă©suk sore, nganti bayi umur 14 sasi.

No. 79. Tamba yen mentas terag (kluron).

Godhong simbarbajing, empu kunir, adas pulawaras, jeruk pecel, ginodhog, binanyonan sapantese, banyuné kakèrekakĂ© separo banjur kaombĂ© kanggo wĂ©dangan.

No. 80. Tamba yen nglairaké bayi kasuwèn.

  1. Tampanging jala kang wis kanggo (timbelé), dikum ana ing pinggan, banyuné diombekakĂ© kang lagi nglarani, (timbelĂ© jala sadurungĂ© dikum, kudu dikumbah resik, mangkono uga banyunĂ© kang kanggo ngakum, iya kudu resik). BanyunĂ© kum-kuman tampang jala, sadurunge diombekake banyu mau diwacakake surat An ngam dhisik, sarta kadamu ping 3 banjur kaombekake. Dene unine surat An ngam mau, lapale mangkenĂ©: Latut rikuhul absaru, wahuwa yud rikuhul absaro, wahuwa latiful khabir.
  2. Utawa banyu kumbahan tungkak sikilé sing lanang (nanging yèn ora kena lelara, sarta kudu diwisuhi kang resik). Banyu kukumbahan tungkak mau winadhahan ing pinggan, lan diwacakaké An ngam dhisik kaya kasebut ing dhuwur, sawuse diwacakake lan didamu ping 3, uga banjur diombekake.

No. 81 Tamba ari - ari ora bisa metu.

  1. Tambanana dhangkel kelor lan adas, kapipis binanyonan wedang banjur kaombe.
  2. Utawa tambanana babakan teler, bawang putih, kapipis binanyonan kaombe.

No. 82 Tamba wanita murih kinasihan ing priya.

  1. Kembang dlima putih, yèn oleh kang sungsun luwih becik, empu kunir, jinten ireng, kapipis binanyonan sarta diuyahi sajimpit banjur kaombe.
  2. Gandarukem, isi jambé, cengkéh, pala, mesoyi, tlutuh sana, endhog, gambir jenitri, kapipis binanyonan jeruk pecel, banjur kaepé nganti garing kakempelake, dene pandhahare disisir mbaka sathithik banjur katelen.
  3. Kala mangsa lan luwih prayoga yèn bisa saben dina, nginanga nganggo suruh tangis sajodo, suruh temu rosé, jambé wangen, gambir, enjet, cengkeh, kapulaga. Dubang sapisan kudu kaulu, yen kaulu sasepahé luwih becik.
  4. Dhahar rujak utawa lotis uga becik, déné kang dirujak utawa dilotis yaiku: pentil salah, pentil lo, babal, gedhang klutuk kang nom, empol cengkir, mlandhingan kang nom durung ana isiné, sanajan ana, nanging kang ijih cilik-cilik banget, bumbunĂ© miterut apa lumrahĂ©, mung baĂ© ora kena pedhes-pedhes, lombokĂ© mung kanggo srana baĂ©.
  5. Yèn ing bengi mentas salutut, ésukĂ© prayoga jejamu kang ginawe betotan nanas, suket jarem, godhong adhem-adhemati, godhong gagan-gagan, kunir putih, temu giring, temu ireng, temulawak, empu kunir, jeruk pecel, uyah, kencur, dipipis binanyonan sapantese banjur kaombĂ©.

No. 83. Tamba kepengin duwe anak.

  1. Yèn kabener dina Anggarakasih (Selasa Kliwon), utawa Jumuah Kliwon, golèka kemangga kang ngendhog, weteng lan endhogĂ© jupuken banjur katelen nganggo gedhang mas. Nanging ing sadurungĂ© kudu tetamba dhisik rupa: temu ireng gedhĂ©nĂ© saendhas pitik, kapipis binanyonan sawatara, diuyahi sajimpit, banjur kaombe, pangombĂ©nĂ© saben dina rebo lan Sabtu, pangombĂ©nĂ© mau sarampungĂ© adus wuwung (adus wuwung dhidik).
  2. Pala satugel, kayu timur, asem, kabèh kabakar, banjur kadheplok, kanggo tapel ing padharan sapangisor, anggoné napelaké nganggo kapuk.
  3. Legoning pakèl, bonggol nampu, kausapakĂ© ing puruse priya kapipis banjur kadhahar ing wanita.
  4. Bengle, bawang putih, jongrahab, manisjangan, kencur, suruh, banjur kapipis binanyonan sathithik banjur kaombe.
  5. Cabé, lempuyang, jaé, kapipis binanyonan sathithik banjur kaombe, ampaséé diwedhakake ing padharan lan sikil karo.

No. 84. Tamba anggarapsari.

Yèn anggarapsari krasa lara, lan ora temtu wektune, tetambane: temulawak 7 iris, kunir 3 jenthik, asem kawak sapantese, lan gula jawa, banjur kagodhog dibanyoni 2 gelas, kakarekake sagelas, banjur diombe. Déné sasuwene anggarapsari uga ngombe tamba iku.

No. 85. Tamba bayi lara gabag lan cacar banyu.

  1. Yèn lara gabag: babal, godhong plencing (godhog so), lan adas pulawaras, kabèh kapipis binanyonan sathithik banjur kawedhakake ing badan sakojur tumeka sikil.
  2. Yèn lara cacar banyu: kemladhéyan kelor lan adas pulawaras, kapipis kabanyonan sathithik banjur kawadhahake ing badan sakojur tumeka sirah.
  3. Lara gabag lan lara cacar banyu mau tamba kang diombe yaiku: madu lan banyuné degan ijo, sawisé kaudhak banjur kaombekaké kira-kira kèhé sacangkir.
  4. Déné paduhanĂ© lara gabag lan lara cacar banyu mau yaiku: tĂ©la gantung kang ijih nom (katĂ©s, uga ana kang ngarani gandhul) ing ndhuwur sangisorĂ© gagang dikethok perlu kanggo bolongan anggonĂ© mbuwang isiné, sawisé isine dibuwang nganti resik, banjur diiseni: gabah, otèk, jagung, botor, ketan ireng, kacang ijo, bata, wedhi, beling, krikil, gerèh pèthèk, kethokan katès mau banjur ditangkepake manèh kang kenceng, perlu kanggo nutupi bolongan mau, supaya kabeh kang wis diisèkakĂ© aja nganti padha metu (wutah), katès mau banjur kabenem nganti mateng banget. Yèn wis mateng banget kajupuk sarta banjur kabuwang ing kali, dĂ©ne yèn adoh kali, buwangen Ing sumur baĂ© sadurungĂ© dibuwang kudu muni mangkĂ©nĂ©: hèh sigabag sicacar banyu, sira aja pati-pati thukul, yèn paduhan kang sun buwang kakèlèkakĂ© ing kali, (kang kacemplungakĂ© ing sumur) durung thukul. SawisĂ© ngucap mangkono banjur kabuwang kakèlèkakĂ© ing kali utawa sumur.

No. 86. Tamba bayi, bocah, utawa wong tuwa, lara cacar watu (cangkrangen)

  1. Jinten ireng, mesoyi, dlingo, benglé, angkup jambé kang nom 1, brambang 1, suruh kang temureose 3 lembar, kabèh kapipis binanyonan sathithik, kasaring banjur kaombekake.
  2. Yen wis mlenthung, brambang lan kunci kamamah banjur kasemburaké ing mripat saben ésuk sore, nanging mamahan mau aja nganti ngenani (nyiprat) mripat, dadi mung kajupuk hawane bae bisané tumandhuk. Déné yèn arep nyemburake kudu ngunèkake mantra dhisik mangkéne: Bismillah hirokhman nirokhim, kanjul ngaras, kanjul ngalam, Bagus Karang aja perak-perak marang aku, pan aku anak putuné Sayid Pangeran. Bujang Galiman aja uruk sudi gawe marang aku, pan aku anak putuné Bagus Karang. Loncang-lancing Nyai Rara Kidul awèh gabag cacar plenthing 10. 9. 8. 7. 6. 5. 4. 3. 2. 1. siji baé trima, trima saking kersaing Allah.